Minggu, 17 April 2022

SOAL dan Jawaban BHS JAWA KELAS XI SMA-MA-SMK

Pilih Wangsulan Kang Paling Bener !

1)       Geguritan iku kanggo gampange diarani uga….

a.       Kidung jawa

b.       Tembang macapat

c.       Tembang campursari

d.       Kakawin jawa kuna

e.       Puisi jawa modern

2)       Wong sing ngarang geguritan, diarani….

a.       Dhalang

b.       Komponis

c.       Niyaga

d.       Panggurit

e.       Sindhen 

3)       Gemricik swaramu ing wayah esuk/ agawe tentrem ning ati/ kricik-kricik kaya tatanan tembang kang endah//. Kutipan geguritan ing duwur nggunakake panyitra (panca indra)….

a.       Pandeleng

b.       Pangrungu

c.       Pangrasa

d.       Panindak

e.       Pangganda 

4)       Aja nangis anakku/ ibumu isih lunga/ sedhela maneh teka/ aja nangis, anakku/ umpama hongkong kuwi mung lor kali/ wis wingi-wingi/ dakparani//. Ing geguritan iku, panggurit dadi….

a.       Ibu

b.       Anak

c.       Putu

d.       Bapak

e.       Tangga 

5)       Bumi kae ora nate mbeda-mbedakake/ Samubarang kang ana ing saduwure/ Kabeh wineh dithukulake/ Ora metung papak lincipe. Isi geguritan kasebut yaiku manungsa….

a.       Kudu milih lan milah

b.       Tumindak sakarepe

c.       Kang ngina mring sesame

d.       Ora oleh mbeda-bedake

e.       Kudu bisa mbeda-bedake

6)       Alon bantere swara, selaras-seimbange swara, nganti dadi kaya wirama kang endah, iku diarani….

a.       Diksi

b.       Tempo

c.       Dinamika

d.       Artikulasi

e.       modulasi

7)       Tujuwan maca endah geguritan yaiku….

a.       Nemokake struktur batin geguritan

b.       Nemokake struktur lair geguritan

c.       Supaya sing mirsani pada nggumun marang sing maca

d.       Bisa menehi tanda nata napas lan pengucapan

e.       Sing nyemak, mirsani dadi ngerti isi piweling lan kaendahan geguritan

8)       Kepenak orane sajroning ngrungokake geguritan iku gumantung marang….

a.       Dawa cendhake geguritan

b.       Keprigelan wong sing maca

c.       Amba ciyute panggonan maca

d.       Akeh sithike wong sing ngrungokake

e.       Iringan musik sing mbarengi maca

9)       Awan iki langit gosong/kapanggang srengenge/kang ngungasake panase/sapandhurat salumahing jagad/katon ireng mureng/sumilire angin nyangking pawarta kingkin/gegodhongan kelangan werno ijone/pang-pang sengkleh kabotan sanggan

Isine geguritan iku nuduhake menawa….

a.       Langite gosong

b.       Awan kepanggang

c.       Jagade ireng mureng

d.       Bumine krasa panas

e.       Tanduran kabotan sanggan  

10)  Aku mlayu melu mbarengi/ aku mandheg melu mandheg/ aku mangan ora melu wareg/ aku turu dak turoniIrah-irahan(judul) kanggo pethikan geguritan ing dhuwur sing mathuk, yaiku….

a.       Aku

b.       Bayang-bayang

c.       Awakmu

d.       Aku lan kowe

e.       Dheweke

11)    Kalebu ing struktur batin geguritan yaiku….

a.       Tema lan amanat

b.       Diksi lan tipografi

c.       Enjambemen lan lelewaning basa

d.       Purwakanthi lan wirasa

e.       Panyitra lan diksi

12)    Solah bawa, obah mosike sakujur awak nalika maca endah geguritan kudu bisa….

a.       Komunikatif, ekspresif, lan konsentrasi

b.       Modulasi, intonasi, artikulasi

c.       Tempo, diksi, ambegan

d.       Komunikatif, modulasi, artikulasi

e.       Dinamika, tempo, njawani

13)    Budaya daerah iku uga diarani….

a.       Kesenian daerah

b.       Tarian daerah

c.       Basa daerah

d.       Kearifan lokal

e.       Aset daerah

14)    Sing nduweni kewajiban ngleluri kabudayan daerah yaiku….

a.       Generasi muda

b.       Pamarentah

c.       Sesepuh daerah

d.       Dinas kebudayaan

e.       Perangkat desa

15)    Carane ngleluri kabudayan daerah sing isih ana yaiku….

a.       Gelem melu nglakoni

b.       Nyacat sing ana

c.       Meneng wae

d.       Emoh melu

e.       Ngaleh enggon

16)    semua adat baik yang bersifat kelompok maupun individu memohon kepada Tuhan Yang Maha Esa agar mendapatkan keselamatan serta ucapan syukur segala sesuatu yang telah diberikannya. Kalebu nilai apa ?

a.       nilai ketuhanan

b.       nilai etos kerja

c.       nilai toleransi

d.       nilai moral

e.       nilai mental 

17)    Kang diarani upacara tedhak siten yaiku….

a.       Cedhak lemah

b.       Mudhun lemah

c.       Sepasaran

d.       Lair sapisanan

e.       Upacara slametan

18)    Kang dikarepake ing upacara tedhak siten yaiku….

a.       Supaya bocahe sehat

b.       Kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan kang bener ing mangsa ngarep

c.       Cedhake manungsa karo bumi

d.       Kanggo ngendhani kedadean sing ora becik

e.       Atur puji syukur marang gusti

19)    Artinipun saka bocah nyebar duwit dicampur kembang ing acara upacara adat yaiku….

a.       Bocah saged nglewati tantangan ing uripipun

b.       Supaya bocah gampang golek pangan

c.       Bocah nalika dewasa bisa dadi bocah kang dermawan lan seneng tetulung

d.       Supaya bocah duweni dalan urip kang apik

e.       Supaya bocah bisa urip mandiri

20)    Apa arti saka jadah warna abang ?

a.       Supaya dadi bocah sing pinter

b.       Supaya dadi bocah sing kuat lahir lan batin

c.       Supaya dadi bocah sing wani ngadepi masalah

d.       Supaya dadi bocah sing duweni tresna asih

e.       Supaya dadi bocah sing sukses

21)    Upacara larung sesaji biyasane dilaksanake….

a.       Wulan Januari

b.       Wulan April

c.       Wulan Besar

d.       Wulan Sura

e.       Wulan Desember

22)    Kabudayan Indonesia ngisor iki sing maune mujudake budaya daerah, nanging saiki wis dilakoni minangka budaya ndonya yaiku….

a.       Tari remo

b.       Reog ponorogo

c.       Seni mbathik

d.       Wayang kulit

e.       Watu akik

23)    Yen ana warga sing nglakoni budaya dhaerahe beda utawa ora slaras karo panutanmu, kepriye sikapmu ?

a.       Ngormati wae

b.       Alok-alok

c.       Ngrusuhi

d.       Melu nglakoni

e.       Mbubarake

24)    Tuladha pakaryan sing kalebu melu ngleluri kabudayan jawa yaiku….

a.       Melu nyekar arep riyaya

b.       Melu organisasi pemuda

c.       Migunakake basa jawa kanthi becik

d.       Migunakake basa manca kanthi becik

e.       Dadi wong jawa

25)    Kang ora kalebu dasanamane (persamaan kata/sinonim) tembung Pranatacara yaiku…

a.       Panata adicara

b.       Pambagyaharja

c.       Panata acara

d.       Panambiwara

e.       Pewara

26)    “Para sesepuh, pinisepuh ingkang pana ing pamawas, lebda ing pitutur ingkang dahat kinabekten”. Ukara iki kalebu perangan….

a.       Salam pambuka

b.       Atur pangayubagya

c.       Atur pakurmatan

d.       Atur puji syukur

e.       Tetepungan

27)    “Mekaten sekedhik andharan ingkang saged kula aturaken. Bilih wonten kirang langkungipun atur kula, nyuwun agungin samodra pangaksami.”. Ukara iki mathuke digunakake ing perangan….

a.       Pambuka

b.       Atur pakurmatan

c.       Isi

d.       Rantaman adicara

e.       Atur panutup

28)    Salah sijine syarat dadi pranatacara kang gamben yaiku kudu gladhen olah swara ing antarane kudu wasis ing babagan wirama wedharing ukara. Wirama wedharing ukara iku padha karo….

a.       Artikulasi

b.       Intonasi

c.       Lafal

d.       Vokal

e.       Wirama gendhing

29)    Sang pambiwara iku becike migunakake basa….

a.       Ngoko lugu

b.       Ngoko alus

c.       Krama lugu

d.       Krama alus

e.       Manut sing diadhepi

30)    Wong sing ahli sesorah/pidato iku diarani sang….

a.       Orator

b.       Podium

c.       Pewara

d.       Nata

e.       Jawara

31)    “Mugi-mugi sedaya ingkang sampun kula andharaken kala wau saged wonten guna paedahipun tumrap kula pribadhi ugi panjenengan sedaya. Aamiin” Ukara iki yen ing perangane sesorah kalebu ing perangan….

a.       Pambuka

b.       Panutup

c.       Dudutan

d.       Wusana basa

e.       Pangarep-arep

32)    (1) swara lan lagu pocapan cetha

(2) swarane kudu banter supaya kabeh krungu

(3) ngobahake awak kanggo narik kawigaten

(4) nggatekake tata rakite ukara kang becik

(5) nggunakake unggah-ungguh basa sing becik

(6) anggone micara ora ngambra-ambra, singkat, padhet, lan nduweni bobot isi

Bab-bab kang kudu digatekake nalika nindakake tanggap wacana dituduhake ing nomer….

a.       (1), (2), (3), (4)

b.       (1), (3), (4), (6)

c.       (1), (3), (5), (6)

d.       (1), (4), (5), (6)

e.       (1), (4), (2), (5)

33)    Wong sing sesorah iku kudu ngadeg….

a.       jejeg lan ngapurancang

b.       jejeg lan sedhakep

c.       ndhingkluk wae

d.       ndhangak wae

e.       ndhoyong

34)    Wong sing sesorah iku swarane kudu….

a.       Banter ambrebegi

b.       Lantang lan banter

c.       Lirih banget

d.       Banter, cetha

e.       Lirih, cetha

35)    Kejawi unggah-ungguh basa, panatacara lan pamedharsabda ugi kedah nguwaosi kawruh bab sastra jawi, kadosta ingkang gayutan kaliyan: purwakanthi, wangsulan, bebasan lsp. Murih….

a.       Kathah ingkang nanggap

b.       Tansaya kodhang

c.       Bayaranipun mindhak

d.       Kapireng mboten sekeca

e.       Saya endah edining basa

 

 

1. E

11. A

21. D

31. E

2. D

12. A

22. C

32. D

3. B

13. D

23. A

33. A

4. D

14. A

24. C

34. D

5. D

15. A

25. B

35. E

6. C

16. A

26. C


7. E

17. B

27. E


8. B

18. B

28. B


9. D

19. C

29. E


10. B

20. C

30. A



0 comments:

Posting Komentar